Total Tayangan Halaman

Senin, 08 Oktober 2012

ASAL-USUL AKSARA JAWA


ASAL-USUL AKSARA JAWA
                Adhedhasar konsepsi secara tsadisional laire aksara Jawa digathukake karo legenda Aji Saka,crita turun-temurun awujud tutur tinular bab padudon lan perang tandhinge Dora Lan Sembada jalaran rebutan keris pusakane Aji Saka sing kudune tansah padha direksa bebarengan ing pulo Majeti.
                Wusana Dora lan Sembada mati sumpyuh ngeres-eresi.Nalika arep angejawa,Aji Saka kang didherekake para abdine sing jenenge Dora,Sembada,Duga lan Prayoga lerem ing pulo Majeti sawatara suwene.Sadurunge nerusake laku angejawa,Aji Saka ninggal pusaka awujud keris.Dora lan Sembada kapatah ngreksa kanthipiweling wanti-want,aja pisan-pisan diwenehake wong saliyane Aji Saka dhewe sing teka pulo Majeti njupuk pusaka kasebut.ajisaka banjur nerusake laku dikanthi Duga lan Prayoga.Dena Dora lan Sembada tetep ana pulo Majeti ngreksa pusaka.
                Sawise sawatara lawase,Dora lan Sembada krungu kabar menawa Aji Saka wis dadi ratu ing Medangkamulan.Dora ngajak Sembada ninggalake pulo Majeti ngaturake pusaka marang Aji Saka.Sahrene Sembada puguh ora gelem  awit nuhoni dhawuhe Aji Saka,kanthi sesidheman si Dora banjur menyang Medangkamulan tanpa nggawa keris.
                Marang Aji Saka si Dora kanthi atur ora wadul werna-werna.Dora kadhawuhan bali maneh menyang pulo Majeti.Gelem ora gelem Sembada kudu diajak menyang Medhangkamulan kanthi nggawa keris pusaka.Dora banjur budbadhal.Jalaran panggah ora percaya marang kandhane si Dora,Sembada puguh ora gelem diajak jalaran nuhoni dhawuhe bendarane,lan percaya menawa Aji Saka bakal netepi janjine mundhut pusakane tanpa utusan,
                Lelorone padha padudon reut bener,banjur pancakara perang tandhing rebutan keris.Wasana Dora lan Sembada padha mati sampyuh ketaman keris sing dienggo rebutan.Sawise sawatara suwe Dora ora sowan maneh ngajak Sembada ngaturake keris pusaka,Aji Saka banjur utusan Duga lan Prayoga nusul menyang pulo Majeti.
                Bareng tekan pulo Majeti saiba kagete Duga lan Prayoga meruhi Dora lan Sembada padha mati ketaman pusaka sing isih tumancep ing dhadhane.sawise ngupakara layone Dora lan Sembada kanthi semestine.Duga lan Prayoga banjur gegancangan marang ratu gustine ngaturake pusaka lan pawarta bab patine Dora lan Sembada.Midhanget ature Duga lan Prayoga,Aji Saka sakala ngrumangsani kalepyane dene ora netepi janji mundhut pribadi pusaka sing direksa Dora lan Sembada.
Minangka pangeling-eling,Aji Saka banjur ngripta aksara Jawa legena cacah rong puluh wiwit saka HA nganti NGA.
HA NA CA RA KA Ana caraka(utusan)
DA TA SA WA LA Padha suwala(padudon,pancakara)
PA DHA JA YA NYA Padha dene digdayane
MA GA BA THA NGA Wasana pada dadi bathang

0 komentar:

Posting Komentar